Wednesday, June 27, 2018

CONTOH SESORAH PERPISAHAN BAGI KELAS 3

Posted By: Razufa - 7:32:00 AM

Berikut ini adalah salah satu contoh sesorah / puisi jawa tentang perpisahan. Mohon disimak....

1. SESORAH PERPISAHAN KELAS IX
Assalamu’alaikum Wr . Wb.
Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP 2 Banguntapan
Bapak/ibu guru ingkang dhahat kinabekten
Kanca-kanca sedaya saha adhik kelas ingkang kula tresnani
    Mangga saderengipun nglajengaken acara, kula lan penjenengan tansah ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang tansah paring rahmat lan hidayahipun ngantos ing kalodhangan punika kita sedaya saget pinanggih ing papan punika kanthi sehat, kangge ngawontenaken perpisahan.
Para rawuh ingkang kinurmatan                                                                                                       
   Salejengipun kula minangka wakil saking siswa kelas IX sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan awit saking sih katresnan bapak/ibu guru ingkang sampun nggulawentah lan mulang wuruk kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Sengga kula sakanca seged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun. Mugi-mugi bapak/ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti ingkang Maha Agung, aamiin..
   Bapak/ibu guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula kurmati, sekedhap malih kula sakanca ninggalaken pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar bapak/ibu guru saha adhik-adhik. Namung kawonten kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken bapak/ibu guru saha adhik-adhik kelas sedaya.
   Kula sakanca nglenggena bilih asring sanget sami damel Bapak lan Ibu guru duka. Pramila, kula sakanca nyuwun agunging samodra pangaksami. Salajengipun nyuwun tambahing berkah pangestunipun Bapak lan Ibu guru, supados kula sakanca dipunparingi gampil anggenipun nempuh pendhidhikan ingkang langkung sae wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil.
   Kula sakanca tansah nyenyuwun lan dedonga mugi adhik-adhik sedaya saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
 Mekaten ingkang saged kula haturaken. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang, prawila cekap semanten atur kula. Ing wasana, kathah galap gangsuling atur,kula nyuwun angunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.                                                                                                                           

About Razufa

Organic Theme is officially developed by Templatezy Team. We published High quality Blogger Templates with Awesome Design for blogspot lovers.The very first Blogger Templates Company where you will find Responsive Design Templates.

0 comments:

Post a Comment

Copyright © RAHMAT Z.POST.

Designed by